Sugiyanto

Pelestari Budaya Jawa

1. Purwakaning adicara

Sangyaning para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.Sumangga lumaksananing adicara wonten ing ri kalenggahan punika kita purwakani kanthi waosan bassmallah kawula dherekaken…..(bissmillahirahmanirrahim).

2. Wedharing atur pambagyo harjo

Estining galih keluarga ingkang hamengku karsa,badhe hangaturaken raos suko ebahing manah bibgah,hanenggih atur pambagtoharjo,anaging kadaya saking bombong birawaning manah ingkang mboten saget ginambaraken ing mriki,pindhaning kajugrugan ing hargo inten,karoban ing samudra madu,saenggo angenipun badhe matur mboten saget kawiyos wijiling lesan,maneka warna ingkang den rumpaka samudayanipun namung kandeg wonten ing samadyaning jangga.Pramila ingkang hamengku karsa laju nyaraya dumateng panjenenganipun Bp…………kinen hangaturaken wedharing atur pambagyoharjo.

3. Wedharing Pangandikan Pasrah

Sangyaning para tamu kakung putri ingkang minulya,adicara ingkang kaping katri nun inggih wedharing atur pangandikan saking keluarga kadang besan sytresna ingkang winastan pangandikan pasrah,pramila dumatheng panjenenganipun Bp……….ingkang minagka sulihing salira saking keluarga kadang besan sutresna,sasana dalasan pandaya swara kaaturaken sak cekapipun.

4. Wedharing Atur Panampi

Terwaca cetha kaduk ruruh hangarah prana,wedharing pangandikan saking kadang besan sutresna ingkang sampun dipun salirani dening panjenenganipun Bp………Pramila kita rumpaka titi laksana adicara ingkang saklajengipun nun inggih atur panampi.Wonten ngarsanipun Bp………Sasana kaaturaken sumangga nun nuwun.

5. Paripurnaning Adicara

Purwa madyaning pawiwahan boja krama wonten ing kalenggahan punika sampun ndungkap ing paripurna,pinagka pratanda pari purnaning adicara,samangke temanten sekalian badhe kabodol saking palenggahanipun lumarapaken tumuju wonten ing sakngajenging wiwara panti pahargyan.Wonten sak ngajenging wiwara panti pahargyan sri atmaja temanten kaampingan rama saha ibu sampun siyaga hanampi jawat asta saha wawan sabda saking para tamu kakung putri ingkang minulya.Ing wasana nderekaken sugeng kundur,sugeng pepisahan mugya rahayu ingkang tansah pinanggih.

Kita pungkasi kanthi asesanti Harum Luhuring Bangsa Hamung dumunung ana ing Luhuring Budaya.

Wassalamualaikum Wr.Wb.

(dilanjutkan dengan contoh panyandra/bersambung)

Categories: Budaya Jawa, MC Jawa
Avatar of MAS GIE

About MAS GIE

Namaku SUGIYANTO.Aku lahir di Bantul 35 tahun yang lalu.Saat ini aku sudah memiliki seorang istri dan dua orang anak.Aku bekerja sebagai FO di Kampus Tercinta ini.Tempat dimana aku mencari rezeki

Please copy the string 8tdQQ0 to the field below:

  • RSS
  • Delicious
  • Digg
  • Facebook
  • Twitter
  • Linkedin
  • Youtube

Popular Posts

MC Manten Jawa (nask

(temanten tumuju wonten ing sasana panti pahargyan) Paripurna titilaksana lampahing upacara ...

MC Manten Jawa (Bagi

Melalui tulisan ini,penulis mencoba mengajak kepada pembaca sekalian untuk bersama-sama ...

MC Manten Jawa (nas

TULADHA PANYANDRA 1. Temanten Badhe Lumarap/Purna Ngadi Busana Binarung swaraning gendhing kang ...

MC Manten Jawa (bagi

Estining galih keluarga ingkang hamengku karsa,badhe hangaturaken raos suko ebahing ...

MC Manten Prasmanan

Saat ini upacara pernikahan adat jawa sudah sedikit mulai mengalami ...

Sponsors